Belajar Hidup dari Kupu

Urip kuwé sawang sinawang,

Katoné apik, disawang kepenak merga weruhe utawa menangi wis kepenak.
Kuwé kebiasaan wong pada umume

Jajal ndeleng sekang sisi liyane, bisané dadi kupu2 kuwé butuh proses, yakuwe semangat nglakoni urip, sabar lan yakin maring kersaning Gusti Pangeran.
Metamorfosis kupu bisa dadi pelajaran urip sing maen kuwé sedulur... 

Wong kepengin kepenak ya ora instan, butuh perjuangan lan kerja keras. Menawi sampun sekeca nggih tetep kedah emut lan rumangsa dadi menungsa.

Dene suka lan duka mesthi bakalan teka. Angger agi dudu aja kaya Adi, angger agi dadi aja kaya dudu jere paribasan banyumase

[MM] jepretan blakasuta

0 Komentar